Tuesday, June 18, 2013

Gene

Sandalku ilang
Kecer ning dalan
Gene kowe kondhang
Ngadeg jumejer pinggir dalan

Swaramu banter tur nyempreng
Nggawa kecrikan diencreng-encreng
Gene kowe turu turut benteng
Nanging uripmu ketok enteng

Sing penting mangan sega
Mangape aja amba-amba
Gene mangapmu amba
Nanging lambemu ora amba

Palarapanmu jembar
Wujud kapinteran
Rupamu manis
Wujud kowe wasis 

Read More...

Janur Kuning

Dak sawang mega ing angkasa
Peteng, adem, mendunge saya mrepet
Lambe mripat ngisorku keduten
Apa kang bakal kedadean

Awak iki pating greges
Nyawang lakonmu kang ora nggubres
Unggah ungguh saya ngeres

Aku ngguyu marang kanca
Guyuku pating cekakak
Lambeku mangan enak
Aku saya gumyak

Mega iku ..
Saya tua..
Guyuku iku ..
Jebul guyu tua .

Mripatku mbrebes mili ..
Mili ing pipi
Atiku kaya gedupak sapi ..
Lara ..
Nalika nyawang janur kuning
Mlengkung ngarep omahmu ..

Read More...