Sunday, February 9, 2014

Abang Putih

Abang Putih 
Dening: Yuli Arti 
Abang putih 
saka Sabang tekan Merauke 
kaulur anggubet ruwet 
saka kulon tumuju wetan 

Abang putih 
saka Sabang tekan Merauke 
kebak alas anggelar sampur 
segara angungelake 
gendhing pangarep-arep 

Abang Putih 
saka Sabang tekan Merauke 
kadya kluwung malengkung 
maneka warna budaya 
amernani langit nuswantara 

Abang putih 
saka Sabang tekan Merauke 
manungsa bingung anjangkahke laku 
tumuju ing ancer-ancer 

Abang putih
saka Sabang tekan Merauke 
manunggal nyawiji sanajan beda rasa 
angelingake crita kawuri 

Abang putih 
saka Sabang tekan Merauke 
tansah kumlebet 
amayungi bangsa lan negara 


Geguritan menika kaserat dinten munggu, 9 Februari 2014 wonten ing Balai Bahasa Yogyakarta wonten ing adicara pakempalan Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta ingkang dipun-gulawentah Bapak Krisna.

Read More...